sadulur = bocah (wong) kang tunggal bapak ibu
sadulur misanan = sadulur tunggal embah; nakdulur
sadulur mindhoan = sadulur tunggal buyut
keponakan = anake sadulur tuwa utawa sadulur enom
putu = anake anak
putu keponakan = anake keponakan
paklik (paman) = adhine bapak utawa ibu (lanang)
bulik (bibi) = adhine bapak utawa ibu (wadon)
pakdhe (uwa) = kangmase bapak utawa ibu (lanang)
budhe (uwa) = mbakyune bapak utawa ibu (wadon)
maratuwa = wong tuwane bojo
anak mantu = bojone anak
putu mantu = bojone putu
besan = wong tuwane mantu
ipe = sadulure bojo
pripean = ipene sedulur
sadulur kuwalon = sadulur tunggal bapak seje ibu (tunggal ibu seje bapak)
anak angkat = bocah liya sing diakoni anak
sadulur asu = sadulur tunggal ibu (seje bapak)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar